Sawah
Srengenge durung
katon njedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang.
Manuk-manuk pating bleber mangkat golek pangan ninggalke anak-anake, pating
cruit nguntapke lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus
ngloloh dheweke.
Esuk kuwi, Mbah
Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing disampirke ing pundhake.
Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa
rokok lintingan dhewe alias tingwe.
Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.
Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
“Mruput, Mbah!
Tindak sabin?”
“Genah nggawa
pacul ngono, mosok arep njagong!” semaure Mbah Wongso sakkecekele.
Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
“Penjenengan
niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten
ngerti unggah-ungguh.”
“Ooo…ya wis,
bener Le…, la kowe gek nyapu?”
“Mboten, Mbah.
niki nembe dhahar!” Parjo mbales Mbah Wongso.
“Dhahar gundulmu
kuwi, diamput!! Kakekane…lha kok malah mbales,” wong loro terus padha ngguyu.
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg terus mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo pakan wedhus.
Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.

“Sarapan
rumiyin, Pak!”
“Kene nduk, wah
kebeneran banget. Wetengku wis kluruk terus je!”
“Wau sak derenge
tindak kapurih sarapan riyin mboten purun, wong nggih sampun mateng sedanten.”
“Mangan kuwi
paling enak ki nek wis luwe ngene kiyi!”
Mbah Wongso
anggone dhahar katon dhokoh nyenengke tenan. Mula ora mokal sanajan wis sepuh
isih katon gagah. Amarga olah ragane macul ora tau leren lan dhahare ya akeh
tenan.
Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon. Ananging Mbah Wongso pancen kandel kupinge.
Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon. Ananging Mbah Wongso pancen kandel kupinge.
“Pak, mbok
ses-ipun dipun kirangi, nek saget malah mboten sah udud mawon, cobi njenengan
waos nggen bungkus rokok niku.
Merokok dapat menyebabkan kanker,” durung rampung wis dipunggel Mbah Wongso.
Merokok dapat menyebabkan kanker,” durung rampung wis dipunggel Mbah Wongso.
“Rak dapat
menyebabkan jarene Pardi wingi kae, dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi,
isa lara isa ora, iya ta?Jarene nek wong-wong ora udud, pabrik rokok isa
bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako ora payu, petani mbako klenger,
pemerintah ora nampa pajek, jarene pajek saka rokok kuwi paling gedhe nduk?
Lho, piye? Aku udud iki rak membantu pemerintah ta?”
“Penjenengan
niku nek diaturi mesthi ngeyel, mengke nek gerah paru-parune mang raoske
piyambak!” Suminah katon mrengut.
Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso.
Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso.
Nyuwus pirsa,
ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?” wong wadon mau takon marang Mbah
Wongso.
“Kula!” semaure
Mbah Wongso.
“Penjenengan nyewa
saben niki dateng sinten?”
“Lho, nyewa
pripun. Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula.
Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!”
Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!”
“Pak, jenenge
sertifikat!” Suminah njawil bapake.
“Nggih ngoten
niku!” semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan semu gumun.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan semu gumun.
“Sabar riyin,
Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula.
Kula tumbas kalih welas tahun kepungkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto.
Niki kula mboten merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki.”

“Mboten saged,
niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus
krama!” Mbah Wongso katon arep nesu.
“Ngeten mawon,
kula mboten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate, kula tak
sowan ndalem penjenengan.
Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki.”
Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki.”
Dina sing
dipilih kanggo rembukan wis teka. Neng kono ana kanca-kancane Mbah Wongso, sing
mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah Wongso. Ing kono uga rawuh Pak RT lan Pak
RW. Ora let suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah
papat. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso, nanging sing medhun nggawa tas koper
lan sing nggawa stopmap durung diwanuhi. Wong-wong mau padha rembukan gayeng
nganggo bahasa Indonesia. Mbah Wongso mung domblang-domblong, ora mudheng apa
sing diomongke. Ora wetara suwe sajake rembukan wis rampung. Nanging kabeh
padha meneng.
“Pripun, Bu? Rak
nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan,
mbiyen tak rewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula
sing asli,” Mbah Wongso katon yakin banget.
“Ngeten nggih,
Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki,
babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e…e…, gadhahan kula, Mbah!”
pawongan wadon mau menehi keterangan.
“Pripun!!! Napa
leres, Pak?” wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha
manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap.
“Pak!!! Eling,
Pak! Pak…” Suminah adus luh amarga bapake semaput.
sumber.
www.google.com

0 komentar:
Posting Komentar