MALING
Nalika
sepedha motor sing ilang iku during ketemu, Pak Gendhon tanggaku sing brengose
nilamprang kaya warok Ponorogo, kuwi tansah muring-muring. Sebab ana sassus yen
seng nyolong pit montor mau si Gendhon, anake. Nadyan wis dak kandhani,
ora susah nanggapi kabar angina sing durung karuwan juntrunge kuwi, nanging Pak
Gendhon tetep mbregudul. Jare, kupinge dadi panas yen ngrungokke.
“Nanging
Gendhon bener-bener dudu malinge, ta?” pitakonku mantebke.
“Ya
ora mungkin anakku tumindak nistha mangkono, “wangsulane tegas.
“Wiwit
cilik Gendhon iku bocah sing nurut. Aku pancen sing ndhidik
mangkono. Yen ta dheweke iku gelem nyolong, biasa ta, yen sing dijupuk kuwi
dhuwitku utawa dhuwite embokne?”
“Yen
pancen ngono, kena ngapa Pak Gendhon mesthi abang kupinge?”
“Aku ora nesu. Sapa sing
nesu? Aku mungkepenin nerangake nyang wong-wong kuwi yen anakku becik-becik wae
anane. Nanging wong-wong kuwi dha ra gelem ngerti.”
“Apa kabeh tangga-tangga
sing meri marang kesuksesane Pak Gendhon, kaya-kaya kok ana empere. Selagine
aku dhewe, sing ora duwe perasaan kaya mangkono, gedhe cilik uga nyimpen rasa
sujana jroning ati. Sebab, sak ngertiku Pak Gendhon, lan anake iku ora duwe
gaweyan kang mesthi.
Dheweke iku dudu petani,
wong sawah wae yo ora duwe. Yen ono wong ngira Pak Gendhon iku pedagang, malah
ana empere, awit yen nyandhang memper banget kaya dagang sapi. Nanging sejatine
ya dudu. Sak ngertiku Pak Gendhon kuwi gaweyane mung mrana-mrene. Embuh,
menyang ngendi wae parane.
Nalika ing sawijining
wektu bab iku sengaja dak takokake marang dheweke, Pak Gendhon mangsuli, menawa
anggone lunga mrana-mrene lan apa gaweyane, ora perlu dikuwatirke. Sing penting
mulih bisa nggawa dhuwit,” wangsulane karo ngguyu nggleges. “Mosok sampeyan ki
kaya ora ngerti wae. Asal sampeyan rak saka kutha.” Lan aku uga melu ngguyu.
Ndalem batin aku cupet pangandele. Nanging gendheng katone
dheweke tetep ora gelem ngaku apa gaweyane, mula amrih ora gawe gela atine, aku
ngenggokake gunemku menyang bab liya. Nalare, wong kaya Pak Gendhon sing
sekolah SD wae mbuh lulus mbuh ora, tur ora duwe ketrampilan liya, katone kok
mung cocog minangka kuli angkut beras ing pasar utawa paling dhuwur dadi manol
ing terminal. Lan iku kabeh ora mungguh karo kasugihane kang ngluwihi sugihe
tangga-tanggane. Apa maneh lungane, kaya sing bias dak gatekake, mesthi ora
kurang saka sepasar, malah sok-sok nganti rong minggu barang.
Dene Gendhon dhewe,
nadyanaku wis meh limang taun dadi tanggane, during tau sapejagong
pisan-pisana. Pol-pole mung winates manthuk utawa mesem yen pas pethukan ing
ndalan utawa yen dhong liwat ngarep omah. Uga kaya Bapakne, Gendhon yen
lunga ya nganti pirang-pirang dina lagi mulih.
Prasangka alane
tangga-tangga marang Gendhon lan Bapakne, dak kira disebabake klawan sipate
wong loro iku dhewe. Mbok menawa yen urip ing kutha ora dadi masalah, nanging
beda kutha beda ndesa. Urip ing ndesa wae digethingi wong akeh amarga ora tau
gelem teka kerja bakti utawa ora gelem nekani bebrayane desa.
Sikap lan sipate Gendhon
lan Bapake iku pancen wis suwe dadi pocapan. Yen olehe ora gelem srawung lan
kumpul, ya olehe sok nyombongake kasugihane, ya sing ora cetha apa gaweyane,
lan sapanunggalane.


0 komentar:
Posting Komentar